Dening Zamroni Allief Billah 5. PALAGAN Siji mbaka siji daklarung ing ombak kidul esem lan guyumu, lagak lageyanmu kareben nyawiji ...
Dening Zamroni Allief Billah
5. PALAGAN
Siji mbaka siji daklarung ing ombak kidul
esem lan guyumu, lagak lageyanmu
kareben nyawiji kelawan gumelure dhadhaku
esem lan guyumu, lagak lageyanmu
kareben nyawiji kelawan gumelure dhadhaku
Semono uga kertas kertas putih ing Tanah Panggih
mengku crita ing palungguhane Tribhuwana
katulis nalikane mekare kembang cempaka mulya wanci sukra kasih
lan tilas pasamuwan para nayaka kabeh kalarung minangka sesaji
mengku crita ing palungguhane Tribhuwana
katulis nalikane mekare kembang cempaka mulya wanci sukra kasih
lan tilas pasamuwan para nayaka kabeh kalarung minangka sesaji
aku pamit budhal palagan sejati
wujud asih tresnaku marang sliramu
kang nyawiji kelawan rembyake turangga nalika sampyuh dedeg laku utama
minangka bekti marang lemah lemah kang nyidhem getihku lan sedyamu
wujud asih tresnaku marang sliramu
kang nyawiji kelawan rembyake turangga nalika sampyuh dedeg laku utama
minangka bekti marang lemah lemah kang nyidhem getihku lan sedyamu
lilakna aku ngrucat kondhe ing rikmamu
uga mlathi rinonce kang gumantung ing dhadhamu
dadi sangu lan bukti yen aku yekti bali
uga mlathi rinonce kang gumantung ing dhadhamu
dadi sangu lan bukti yen aku yekti bali
senajan putihing mlathi gubrat abange getih
cundhuk bakal daktancepke ing rambutku
minangka sedya ing sawiji dina sun methi teka
cundhuk bakal daktancepke ing rambutku
minangka sedya ing sawiji dina sun methi teka
Rembang, Sukra Kasih 010515
| Laesan pentas dalam Laseman 2015 |
COMMENTS