Dening Zamroni Allief Billah 3. Nyawang Ombak Nyai, apa sliramu wis tentrem nyawang ombak sing adhem ayem kisik Binangun kelangan w...
Dening Zamroni Allief Billah
3. Nyawang Ombak
Nyai, apa sliramu wis tentrem
nyawang ombak sing adhem ayem
kisik Binangun kelangan wangun
nyawang ombak sing adhem ayem
kisik Binangun kelangan wangun
anak putu wis padha lali
kanggo apa biyen ana pathol Sarang, Emprak, Wayang Bengkong uga Laesan.
kanggo apa biyen ana pathol Sarang, Emprak, Wayang Bengkong uga Laesan.
apa tega sliramu nyawang sangga uwang
kae padha rebutan balung tanpa isi
kamangka gumelure kidul mung suwung
kadya atimu kang nglerem kangen
kae padha rebutan balung tanpa isi
kamangka gumelure kidul mung suwung
kadya atimu kang nglerem kangen
ing undhage trap kapisan tumuju pasujudan
wis ora keprungu maneh Bonang ngiring Suluk Wujil
nanging ati kudu teteg kareben tutug
karep ngrengkuh awu kemuning.
wis ora keprungu maneh Bonang ngiring Suluk Wujil
nanging ati kudu teteg kareben tutug
karep ngrengkuh awu kemuning.
Rembang, 13 April 2015
COMMENTS