Dening Zamroni Allief Billah 6. Bajang Ratu Isih kelingan nalika nancepke dupa durung lali gegandhengan memuji ora ilang wangi mlat...
Dening Zamroni Allief Billah
6. Bajang Ratu
Isih kelingan nalika nancepke dupa
durung lali gegandhengan memuji
ora ilang wangi mlathi saka rikmamu
kapiyak angin nalika ing Candi Bajang Ratu
durung lali gegandhengan memuji
ora ilang wangi mlathi saka rikmamu
kapiyak angin nalika ing Candi Bajang Ratu
kaya nalika sepisan reruntungan ngronce crita
kang padha uwal saka babad lan pandongenge para wong tuwa
oncat malumpat antarane kaca kaca sejarah
anane mung cathetan kang kaukir ing jiwa ragane dhewe dhewe
kang padha uwal saka babad lan pandongenge para wong tuwa
oncat malumpat antarane kaca kaca sejarah
anane mung cathetan kang kaukir ing jiwa ragane dhewe dhewe
banjur kepriye karep miyak runggete suket kang ngrukupi kembang ing taman
lan kaya ngapa ngoyak mangsa kang kalindhih cidra
kamangka Bajang Ratu tansah sedya nyidhem crita
lan kaya ngapa ngoyak mangsa kang kalindhih cidra
kamangka Bajang Ratu tansah sedya nyidhem crita
Rembang, 010515
| Kuda |
COMMENTS